Arba’in An-Nawawi Hadits kaping #20: Rasa isin iku, laku kang utama

RASA ISIN IKU, LAKU KANG UTAMA

عَنْ أَبيْ مَسْعُوْدٍ عُقْبَةَ بْنِ عَمْرٍو الأَنْصَارِيِّ البَدْرِيِّ رضي الله عنه قَالَ: قَالَ رَسُوْلُ اللهِ: صلى الله عليه وسلّم (إِنَّ مِمَّا أَدْرَكَ النَّاسُ مِنْ كَلاَمِ النُّبُوَّةِ الأُولَى إِذا لَم تَستَحْيِ فاصْنَعْ مَا شِئْتَ) رَوَاهُ اْلبُخَارِيّ

Saking Abu Mas’ud Uqbah bin Amr Al Anshari Al Badri radhiyallahu anhu, Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam dhawuh:

Satemené ing antarané pangandikané para Nabi kang kepungkur, kang wus padha di mangerténi para manungsa yaiku,

“Menawa sira ora padha duwéni rasa isin, mangka padha tumindako sasenengmu”

(Hadits punika shahih, dipun riwayataken dening Imam Bulhari)

Alih basa dening : Abul Akhmar bin Hadi Al Djawi

Artikel Basa Jawi Alukhuwah.Com

Back to top button