Arba’in An-Nawawi Hadits kaping #6: Perkara Syubhat

PERKARA SYUBHAT

عَنْ أَبِيْ عَبْدِ اللهِ النُّعْمَانِ بْنِ بِشِيْر رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ: سَمِعْتُ رَسُوْلَ اللهِ  صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُوْلُ: (إِنَّ الحَلاَلَ بَيِّنٌ وَإِنَّ الحَرَامَ بَيِّنٌ وَبَيْنَهُمَا أُمُوْرٌ مُشْتَبِهَاتٌ لاَ يَعْلَمُهُنَّ كَثِيْرٌ مِنَ النَّاس، فَمَنِ اتَّقَى الشُّبُهَاتِ فَقَدِ اسْتَبْرأَ لِدِيْنِهِ وعِرْضِهِ، وَمَنْ وَقَعَ فِي الشُّبُهَاتِ وَقَعَ فِيْ الحَرَامِ كَالرَّاعِي يَرْعَى حَوْلَ الحِمَى يُوشِكُ أَنْ يَقَعَ فِيْهِ. أَلاَ وَإِنَّ لِكُلِّ مَلِكٍ حِمَىً. أَلا وَإِنَّ حِمَى اللهِ مَحَارِمُهُ، أَلاَ وإِنَّ فِي الْجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الجَسَدُ كُلُّهُ وإذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ أَلاَ وَهيَ اْلقَلْبُ) رَوَاهُ اْلبُخَارِيُّ وَمُسْلِمٌ

Saking Abu Abdillah An Nu’man bin Basyir radhiyallahu anhuma, ngendika:

Aku krungu Rasulullah shalallahu alaihi wa sallam dhawuh:

Satemené sing halal iku wis gamblang lan sing haram uga wis gamblang.

Lan ing antarané (sing halal lan sing haram) ana perkara perkara syubhat (remeng remeng), kang padha ora di mangerténi apa hukumé.

Sapa wongé ngedohi perkara syubhat (remeng remeng) satemené dhéwékè wis nylametaké agama lan kaurmatané.

Sapa wongé nglakoni perkara syubhat, dhéwékè bisa kejegur ana ing perkara haram.

Kayadéné wong angon ana ing papan larangan sing méh blusukaké dhéwékè.

Mangertia, saben panguwasa iku duwéni papan larangan. Lan larangane Allah subhanahu wa ta’ala ana ing dunya yaiku perkara perkara sing haram.

Padha elinga, satemené ing jasad iku ana getih sakepel, nalikane (getih sakepel) becik, bakal becik sakabehé (jasad).

Ananging menawa (getih sakepel) rusak, bakal rusak sakabehé (jasad).
Mangertia, getih sekepel iku ati.

(Hadits punika shahih dipun riwayataken Imam Bukhari saha Imam Muslim)

Alih basa dening :
Abul Akhmar bin Hadi Al Djawie

Artikel Basa Jawi Alukhuwah.Com

Back to top button