Arba’in An-Nawawi Hadits kaping #21: Iman lan Istiqomah

IMAN LAN ISTIQOMAH

عَنْ أَبِيْ عَمْرٍو –وَ قِيْلَ أَبِي عَمْرَةَ- سُفْيَانَ بْنِ عَبْدِ اللهِ رضي الله عنه قَالَ: قُلْتُ: يَا رَسُولَ اللهِ قُلْ لِيْ فِيْ الإِسْلاَمِ قَوْلاً لاَ أَسْأَلُ عَنْهُ أَحَدًا غَيْرَكَ. قَالَ: قُلْ أَمَنْتُ بِاللهِ ثُمَّ اسْتَقِمْ. رواه مسلم.

Saking Abu ‘Amr, wonten ugi ingkang ngendikakaken : Abu Amrah sufyan bin Abdillah radhiyallahu anhu, piyambakipun ngendika,

Aku matur (marang kanjeng Nabi), dhuh Kanjeng Nabi, Panjenengan kabaraken dhumateng kula perkawis agami islam, satunggaling pangucap ingkang boten kula tangletaken kajawi dhumateng Panjenengan

Kanjeng Nabi dhawuh :

Ucapna “satemené aku iman marang Allah, nuli tindakna (pangucapmu mau) kanthi istiqomah”

(Hadits punika shahih, dipun riwayataken dening Imam Muslim)

Alih basa dening : Abul Akhmar bin Hadi Al Djawi

Artikel Basa Jawi Alukhuwah.Com

Back to top button