Arba’in An-Nawawi Hadits kaping #22: Dalan Tumuju Suwarga

DALAN TUMUJU SUWARGA
عَنْ أَبِيْ عَبْدِ اللهِ جَابِر بْنِ عَبْدِ اللهِ الأَنْصَارِيِّ –رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا- أَنَّ رَجُلاً سَأَلَ رَسُولَ اللهِ صلى الله عليه وسلم فَقَالَ: يَارَسُولَ اللهِ أَرَأَيْتَ إِذَا صَلَّيْتُ الصَّلَوَاتِ الْمَكْتُوبَاتِ، وَصُمْتُ رَمَضَانَ، وَأَحْلَلْتُ الْحَلاَلَ وَحَرَّمْتُ الْحَرَامَ، وَلَمْ أَزِدْ عَلَى ذَلِكَ شَيْئًا أَأَدْخُلُ الَجَنَّةَ؟ قَالَ: نَعَمْ، قَالَ: وَاللهِ لاَ أَزِيْدُ عَلَى ذَلِكَ شَيْئًا. رواه مسلم. ومعنى حرمت الحرام : اجتنبته. ومعنى أحللت الحلال : فعلته معتقدا حله.
Saking Abu Abdillah bin jabir bin Abdillah Al Anshari radhiyallahu anhuma bilih wonten piyantun jaler tenglet satunggaling perkawis dhumateng kanjeng Nabi, piyambakipun matur:
Dhuh kanjeng Nabi, kados pundi miturut Panjenengan, menawi kula (naming) nindakaken shalat ingkang wajib, siyam wonten ing wulan ramadhan, ngalalaken ingkang halal saha ngaramaken ingkang haram, lajeng kula boten nambahi sekedik mawon saking amalan kala wau, napa kula badhe lumebet wonten suwarga?
Nabi shallallahu alaihi wa sallam dhawuh:
“iya”
(Hadits punika shahih dipun riwayataken dening Imam Muslim)
Alih basa dening : Abul Akhmar bin Hadi Al Djawi
Artikel Basa Jawi Alukhuwah.Com