Arba’in An-Nawawi Hadits kaping #31: Kautamane Zuhud
KAUTAMANÉ ZUHUD
عَنْ أَبي العَباس سَهلٍ بنِ سَعدِ السَّاعِدي رضي الله عنه قَالَ: أتى النَّبِيَّ صلى الله عليه وسلم رَجُلٌ فَقَالَ: يَا رَسُوْلَ اللهِ: دُلَّنِيْ عَلَى عَمَلٍ إِذَا عَمِلتُهُ أَحَبَّنِيَ اللهُ، وَأَحبَّنِيَ النَاسُ؟ فَقَالَ رسول الله صلى الله عليه وسلم: (ازْهَدْ فِي الدُّنيَا يُحِبَّكَ اللهُ، وازْهَدْ فيْمَا عِنْدَ النَّاسِ يُحِبَّكَ النَّاسُ) حَدِيْثٌ حَسَنٌ رَوَاهُ ابْنُ مَاجَه وَغَيْرُهَ بِأَسَانِيْدَ حَسَنَةٍ.
Saking Abul Abas Sahl bin Sa’ad As Sa’idi radhiyallahu anhu, ngendika:
Ana sawijiné wong lanang kang sowan marang Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam, nuli matur:
Dhuh kanjeng Nabi, mugi Panjenengan kersa nedahaken dhumateng kula satunggaling amalan, ingkang nalikanipun kula tindakaken, kula badhé dipun tresnani dening Allah saha dipun tresnani dening para manungsa…!!!
Kanjeng Nabi shallallahu alaihi wa sallam banjur dhawuh:
Dadia wong kang zuhud ana ing perkara kadonyan, yekti sira bakal di tresnani dening Allah
Lan dadia wong kang zuhud ana ing perkara kang di duwéni wong liya, yekti sira bakal di tresnani para manungsa.
(Hadits punika shahih dipun riwayataken dening Ibnu Majah)
Alih basa dening : Abul Akhmar bin Hadi Al Djawi
Artikel Basa Jawi Alukhuwah.Com