Arba’in An-Nawawi Hadits kaping #4: Kedadeyan Lan Takdiré Manungsa

Kedadeyan Lan Takdiré Manungsa
عَنْ عَبْدِ اللهِ بنِ مَسْعُوْدْ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ: حَدَّثَنَا رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَهُوَ الصَّادِقُ الـْمَصْدُوْقُ: (إِنَّ أَحَدَكُمْ يُجْمَعُ خَلْقُهُ فِيْ بَطْنِ أُمِّهِ أَرْبَعِيْنَ يَوْمَاً نُطْفَةً، ثُمَّ يَكُوْنُ عَلَقَةً مِثْلَ ذَلِكَ، ثُمَّ يَكُوْنُ مُضْغَةً مِثْلَ ذَلِكَ، ثُمَّ يُرْسَلُ إِلَيْهِ الـْمَلَكُ فَيَنفُخُ فِيْهِ الرٌّوْحَ، وَيُؤْمَرُ بِأَرْبَعِ كَلِمَاتٍ: بِكَتْبِ رِزْقِهِ وَأَجَلِهِ وَعَمَلِهِ وَشَقِيٌّ أَوْ سَعِيْدٌ. فَوَالله الَّذِيْ لاَ إِلَهَ غَيْرُهُ إِنَّ أَحَدَكُمْ لَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ الجَنَّةِ حَتَّى مَا يَكُوْنُ بَيْنَهُ وَبَيْنَهَا إلاذِرَاعٌ فَيَسْبِقُ عَلَيْهِ الكِتَابُ فَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ النَّارِ فَيَدْخُلُهَا، وَإِنَّ أَحَدَكُمْ لَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ النَّارِ حَتَّى مَايَكُوْنُ بَيْنَهُ وَبَيْنَهَا إلا ذِرَاعٌ فَيَسْبِقُ عَلَيْهِ الكِتَابُ فَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ الجَنَّةِ فَيَدْخُلُهَا). رَوَاهُ الْبُخَارِيُّ وَمُسْلِمٌ.
Saking Abu Abdirrahman Abdullah bin Mas’ud radhiyallahu anhu, piyambakipun ngendika
Rasulullah shalallahu alaihi wa sallam dhawuh marang aku lan para shahabat, lan Rasulullah iku Ash shaadiqul mashduuq (bener uga dibeneraké):
Yekti salah sawijining sira diklumpukaké kedadeyané ana ing padarané ibu awujud banyu kama suwéné 40 dina,
Banjur malih dadi getih sakepel suwéné uga (40 dina),
Banjur malih dadi daging setampel suwéné uga (40 dina),
Sabanjuré diutus malaikat supaya nyebulaké nyawa lan netepaké patang perkara :
(Yaiku) rejekiné, patiné, tumindaké, lan besuké dadi wong kang beja utawa cilaka.
Demi Allah, ora ana Dzat kang wenang disembah lan diibadahi kajaba namung Allah,
Satemené ana salah sawijining sira ngamal kanthi amalané para ahli swarga, nganti antarané dhéwéké lan swarga mung kari sadhépa adohé.
Ananging karana takdir kang ginaris, dhéwékè banjur ngamalaké amalané ahli neraka, lan nyemplung ana sajroning neraka.
Lan satemené ana salah sawijining sira, ngamalaké amalané ahli neraka, nganti antarané dhéwékè lan neraka mung kari sadhepa adohé.
Ananging karana takdir kang ginaris, dhéwéké banjur ngamalaké amalané ahli swarga, lan mlebu ana sajroning swarga.
(Hadits punika shahih, dipun riwayataken déning Imam Bukhari saha Imam Muslim)
Alih basa dening :
Abul Akhmar bin Hadi Al Djawie
Artikel Basa Jawi Alukhuwah.Com