Arba’in An-Nawawi Hadits kaping #42: Pangapurané Allah

PANGAPURANE ALLAH
عَنْ أَنَسِ بْنِ مَالِكٍ رضي الله عنه قَالَ: سَمِعْتُ رَسُولَ اللهِ صلى الله عليه وسلم يَقُولُ: قَالَ اللهُ تبارك و تَعَالَى: “يَا ابْنَ آَدَمَ إِنَّكَ مَا دَعَوْتَنِيْ وَرَجَوْتَنِيْ غَفَرْتُ لَكَ عَلَى مَا كَانَ فيك وَلا أُبَالِيْ، يَا ابْنَ آَدَمَ لَو بَلَغَتْ ذُنُوْبُكَ عَنَانَ السَّمَاءِ ثُمَّ اسْتَغْفَرْتَنِيْ غَفَرْتُ لَكَ و لا أبالي، يَا ابْنَ آَدَمَ إِنَّكَ لَوْ أَتَيْتَنِيْ بِقُرَابِ الأَرْضِ خَطَايَا ثُمَّ لقِيْتَنِيْ لاَتُشْرِكُ بِيْ شَيْئَاً لأَتَيْتُكَ بِقُرَابِهَا مَغفِرَةً” رَوَاهُ التِّرْمِذِيُّ وَقَالَ: حَدِيْثٌ حَسَنٌ صَحَيْحٌ.
Saking Anas radhiyallahu anhu, piyambakipun ngendika:
Aku krungu Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam nate dhawuh:
Allah ta’ala paring sabda:
Heee anak adam,,,
satemené, lamun sira nyenyuwun kanthi pengarep arep marang Ingsun, Ingsun bakal paring pangapura tumrap sakabéhé dosa dosamu lan Ingsun wus ora perduli manéh (marang dosamu mau).
Heee anak Adam,,,
saumpama dosamu sundhul langit, banjur sira nyuwun pangapura marang Ingsun, Ingsun bakal paring pangapura marang sira.
Heee anak adam,,,
satemené menawa sira sowan marang Ingsun kanthi dosa sakebaké bumi, ing kahanan sira ora nindakaké tumindak syirik marang Ingsun, yekti Ingsun bakal nemoni sira kanthi pangapura sagedhéné bumi uga.
(Hadits punika hasan shahih, dipun riwayataken dening Imam At Tirmidzi)
Alih basa dening : Abul Akhmar bin Hadi Al Djawi
Artikel Basa Jawi Alukhuwah.Com