Arba’in An-Nawawi Hadits kaping #33: Kang Dakwa Wajib Nekakaké Bukti
KANG DAKWA WAJIB NEKAKAKE BUKTI
عَنِ ابْنِ عَبَّاسٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا أَنَّ رَسُولَ اللهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ: “لَوْ يُعْطَى النَّاسُ بِدَعْوَاهُمْ لاَدَّعَى رِجَالٌ أَمْوَالَ قَومٍ وَدِمَاءَهُمْ، وَلَكِنِ البَيِّنَةُ عَلَى المُدَّعِي، وَاليَمِيْنُ عَلَى مَنْ أَنْكَرَ” حَدِيْثٌ حَسَنٌ رَوَاهُ اْلبَيْهَقِيّ وغيره هَكَذَا بَعْضُهُ فِيْ الصَّحِيْحَيْنِ.
Saking Ibnu Abbas radhiyallahu anhuma ngendika, bilih Kanjeng Nabi shallallahu alaihi wa sallam dhawuh:
Saumpama saben manungsa iku oleh nuntut, yekti wong wong bakal nuntut marang getih kang tumétés lan bandha donyané kang ilang ing sajroning kaum. Ananging wong kang dakwa iku wajib nekakaké bukti.
Lan kanggoné wong kang di dakwa (ananging ora rumangsa nglakoni tumindak kang di dakwa’aké) wajib kanggo dhéwék é, ngucapaké sumpah.
(Hadits punika hasan. Dipun riwayataken sening Al Baihaqi saha salintunipun kados (lafadz) niki. Lan saperanganipun kaserat wonten ing Ash Shahiibain)
Alih basa dening : Abul Akhmar bin Hadi Al Djawi
Artikel Basa Jawi Alukhuwah.Com